Pages

Sunday, 15 January 2017

kisah yang menyadarkan kita atas hidup dan kehendak illahi



RumahCerita.Com :

Pernah mikir ? Krungu ? Apa malah nglakoni?
* Nyong durung siap sholat lah wong nyong dewek ya durung apik kelakuane.
* Nyong durung siap sholat lah, mbok nang tanggane diarani wong munafik karena sok alim.
* Nyong durung siap sholat lah ngenteni nek wis mbojo bae apa mandan tua bae men konsen.
* Nyong durung siap sholat lah wong sing sholat sing kelakuane elek be esih akeh, mending diapiki disit kelakuanku.
* Nyong durung siap sholat lah, wis kepengin jane lho tapi esih isin.
* Nyong durung siap sholat lah, mbok ndereni fanatik maring agama apa maning nek sholate nang mesjid ben dina.


# Urip kuwe pilihan, kabeh mbalik maring awake dewek, aja salahna wong liya, kanca, lingkungan dll. Kabeh kuwe memang berpengaruh tapi kabeh mau tergantung karo rika gole menyikapi.
Hidayah memang hak Allah, hidayah kuwe lewih larang regane daripada duit ewonan karung, nggolet duit ora sepira'a be kudu digolet diplalaih jungkir walik mangkat peteng bali peteng, mbasan kon nggolet hidayah alesane durung siap dengan alesan macem2.
Kadang keikhlasan karo ketaatan ora bakalan muncul mendadak n kudu dipaksakan disit, ana alure


1. Tekan paksaan muncul rasa biasa
2. Wis biasa gari terbiasa
3. Wis terbiasa insyaallah gari ngrasa butuh.
4. Nek wis mandan butuh gari tumbuh keikhlasan.
5. Tekan keikhlasan insyaallah tumbuh ketaatan.

Semoga bermanfaat khususe nggo nyong dewek karo rika2 pada, yuh mulai siki pada rajin sholat, manfaate nggo sapa? Sing genah Nggo awake dewek.

by@ follow fb -
Khallied Ibn Muhammad

No comments:
Write comments

Recommended Posts × +